Lemu

Lemu | ilustrasi Hari Purnomo – jekabe

​“Lha kok duite mbok colong, Dot ?”

​Pak Saleh nyeletuk agak keras sambil selonjoran di emperan surau selepas shalat Magrib. Suara jangkrik mulai bersahut-sahutan di balik rumput gajah samping surau, bersaing dengan dengung sisa lampu neon yang agak berkedip-kedip.

​Di sebelahnya, Sukir — pemuda kampung yang dikenal sebagai santri paling setia mengekor ke mana pun Pak Saleh pergi — sedang sibuk menggulung kabel microphone dengan gerakan melingkar.

​Sukir menoleh, tangannya terhenti di tengah gulungan. Dahinya berkerut. “Sinteng sing nyolong, Bah? Bodot?”

“Halah sopo maneh?” Pak Saleh terkekeh pelan. Ia melepas peci hitamnya yang sudah memudar warnanya, lalu mengipas-ngipaskan lehernya yang berkeringat. “Bodot iku bocah ajaib, Kir. Pinter tenan. Mau sore neng sekolah, dheweke nyamber duwit kas ing njero lacine guru. Lha kok yo langsung dibuntel godhong gedhang, digawe tuku gorengan neng pojok pasar, terus dibagi-bagi nang bocah-bocah sing ora nggowo sangu.”

​Sukir menyeringai, matanya berbinar seolah baru mendengar kisah heroik dari buku sejarah para pahlawan. “Wah, nggih apik tho, Bah? Berarti Bodot niku dermawan. Duwit kas ra dinggo opo-opo, mending dadi ganjelan weteng kancane sing keliren.”

​“Pahlawan gundulmu iku amoh!” Pak Saleh menyabetkan ujung sarungnya ke bahu Sukir. “Iku dudu pahlawan, Kir. Iku jenenge sinau dadi wong penting. Kowe ngerti ora, nyapo Bodot yen nyolong ra tau diantemi warga sak RT?”

​Sukir mikir sejenak, menggaruk kepalanya. “Nggih, amargi mbahne sing duwe sawah sak kecamatan tho, Bah? Mbahne kan tuan tanah. Bapakne ya juragan angkot ing kutha, sanajan jarang mulih. Wong-wong sungkan karo kulawargane.”

​“Nah! Kuwi!” Pak Saleh menoleh ke arah Sukir. “Bodot iku wis duwe lisensi sejak lahir. Dheweke duwe hak istimewa sing ora diduweni kowe utawa bocah-bocah liyane. Coba yen kowe sing nyolong pitik neng pasar, ndasmu iso bonyok diantemi wong sak pasar. Tapi yen Bodot sing nyolong? Warga mung iso ngelus dada karo mesem, ‘Halah, jenenge wae anak-e juragan, suk yen bapakne mulih yo diganti duwite.’ Enak ora?”

​“Enak nggih, Bah. Keluwargane dudu wong biasa,” sahut Sukir sambil manggut-manggut.

​Pak Saleh ngguyu geram, badannya ikut bergoyang-goyang. “Mula saka iku, Bodot iku nek mikir rumangsane donya iki wis disewakno kanggo keluwargane. Dhewek’e seneng nyamar dadi bocah melarat neng kampung sebelah. Bocah-bocah kepincut karo omongane. Sore-sore nyolong, kala wengi dadi dewa penolong. Mangan wareg saka duwit colongan, tapi tanggane sing dipakani malah ngambungi tangane sambil matur nuwun.”

* Penulis merupakan Pemerhati Budaya

Leave a Comment

Comments

No comments yet. Why don’t you start the discussion?

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *